Cerkak - Crita Cekak - Putune Simbah

December 31, 2018


           
                                  

                                                  PUTUNE SIMBAH

                                                Dening : Yessita Dewi

            Ora krasa wis telung dina Mbah Kakung seda. Sak suwene iki pancen aku sing nunut ngiyup ing daleme simbah. Mbak Asri, sing wis bale somah mapan ing Banyuwangi, Mas Tatang wis suwe olehe ora niliki simbah. Kari aku, putu ragil lan mung siji. Mbah Kakung lan Mbah Putri suwargi mung kagungan putra siji, yaiku Bapak. Bapak, wis enem tahun kepungkur seda nyusul suwargi Ibu. Amarga putrane bapak isih sekolah, Mbah Kakung lan Mbah Putri genti ngopeni, murih isa mbacutake sekolah nganti lulus. Pancen ora entheng ngragati cah sekolah ana telu, apa meneh Mbah putri lan Mbah kakung mung trima dodol wedangan ider ing perumahan-perumahan. Becake Mbah Kakung beda karo becak sing biyasane, Mbah Kakung nuturi nek becak sing gedhe lan amba kuwi mbiyen kanggo nderekake para Den Ayu utawa Mbok Mase menyang pasar gedhe. Amarga wis umur, becak iku saya neyeng, ora mitayani lan wernane ya wis blawur. Becak kuwi sing saben dina diiseni dagangan wedangan. Rikala Mbah Putri isih sugeng, Mbah Kakung ngiteri kampung-kampung, komplek-komplek sing ana ing papan paling pojok sawah lan tegalan. Kondure  nganti bengi amarga wancine leren, akeh langganan sing marani. Sak wise Mbah Putri seda, Mbah Kakung kundur bar ngisyak. Maklum, awit jam 12 awan becak wedangan wis mubeng. Becak kuwi sing sok ngeterke lan methuk aku mangkat mulih sekolah. Aku sregep nyelengi ben isa tuku pit onthel neng pasar klithikan. Nanging durung kanthi anggonku oleh pit, Mbah Putri kudu tumbas obat. Dhuwite kurang. Ya wis, dhuwit celengan entek. Aku wiwit nyelengi meneh. Durung kumpul, dhuwite disilih Mbak Asri menyang Surabaya. Banjur ora suwe Mbak Asri oleh jodho wong Banyuwangi. Saiki melu tandur neng ndesane kana. Kandane Mbak Asri, Mas Muji bojone kae, nduwe sawah amba karo tegalan. Aku melu seneng. Mbah Kakung uga lega, wis mentas siji putune. Ora nganggo rame-rame wektu Mbak Asri ningkahan. Mung ijab terus sesuke diboyong mulih Banyuwangi. Mbah kakung arep nggadhekake becak ora sida, amarga Mbak Asri wis nyelengi sithik-sithik kanggo mbayar Na’ib, tuku kremikan lan tumpeng sing sak madya. Mas Muji babar blas ora cucul dhuwit. Ndah penakke sing dadi bojone Mbakyuku, bathinku. Nanging dudu bab kuwi sing lagi dadi kembang pikirku. Aku isih bingung, kepriye kudu ngabari Mas Tatang. Telpun utawa alamat wae ora cetha. Sak jege Mas Tatang metu saka omah, durung tahu ngerti jan jane Mas Tatang kuwi nyambut gawene apa. Sak turunane bapak, ya mung Mas Tatang sing mogol sekolah. SD wis kenal udud, SMP senenge melu ngernet angkot kuning. Mbah Kakung ya wis ora ngayahi ngandhani masku siji kae, isine mung engkel-engkelan. Mesakake Mbah Kakung.
“ Nik, mengko kira-kira pengajiane sing rawuh pira ya?,” suwarane Mbak Asri marai kembang pikirku ambyar.
“ Kira-kira nek rawuh kabeh ya, antarane 20 nganti 30 piyayi, Mbak,” semaurku karo ngitung nggrambyang, pathokan kumpulan pengajiane Mbah Kakung neng langgar.
“ Muga-muga cukup, mau aku mung nggawe mendut 35 iji, nggoreng rengginang karo nggodhog kacang,” Mbak Asri ngetus mendut sing bubar dientas saka kukusan. Kemebul. Karepku mau arep ngrewangi tuku gedhang kepok, durung bayaran. Gajiku dadi Satpam neng supermarket cen lumayan, nanging awit Mbah Kakung gerah nganti sak sedane aku wis ngepruk celenganku meneh. Saiki wis gusis. Dadi satpam? Pancen, aku mung lulusan SMA. Awit mbiyen seneng olahraga apa wae, mula awakku dhuwur, kokok, banteg, antep. Beda karo Mbak Asri sing luwes, Mas Tatang sing kuru lencir. Bene aku cah wedok ya ora papa dadi Satpam, wong neng supermarket kok. Aku ya seneng nganggo sragam Satpam, gagah. Kaya Polwan ayu sing neng tipi kae. Mbiyen Mbah Kakung yen sumuk lan sayah, ngampiri aku neng supermarket jejer Pasar Legi kae.
“ Nik, aku mbok jajakke bolang baling sing akeh wijene..,”
“ Nggih, Mbah... mangke wangsul kula betakne bolang-baling wijen,”
Mbah Kakung pingin ngunjuk jeruk anget, aku ngrasake Mbah Kakung adhem panas. Wektu kuwi banjur aku ijin arep mrisakke Mbah Kakung neng dhokter ing Jagalan. Numpak montor matic seken sing oper kredit nggon kancaku, angsurane kari setaun, aku nggoncengke Mbah kakung. Awakku krasa panase Mbah Kakung, tangane lemes. Aku ora wani banter, nanging ya kudu ndang tekan dhokter. Ing kamar priksa, Mbah Kakung lemes. Dhokter menehi surat rujukan kanggo mondhok neng rumah sakit. Awan kuwi dadi lan jalaran Mbah Kakung gerah nganti seda. Bolang-baling wijen kae dak pangan dhewe karo nelpun Mbak Asri yen Mbah Kakung kritis. Luhku netes deres, ning wetengku ya luwe. Aku mangan bolang-baling karo mewek, wis ben. Aku kudu wareg ben genah mengko kudu piye yen ana apa-apa. Satpam kok gembeng, wis ben.
“ Nik, saiki Mbah Kakung wis ayem, ya pancen isih angel yen ora nangis,” Mbak Asri ngekep pundak. Kelingan bab Mbah Kakung mau kuwi isih marai nggrantes.
“ Nik, Mbah Kakung weling apa? Ana utang ora?,”
Aku ngeling-eling. Sak ngertiku Mbah Kakung ora kagungan utang. Nanging welinge apa ya, kok dumadakan dadi lalen?
“ Sik, Mbak.. aku kok lali ya?,”
“ Ya wis, saiki ngashar sik kana sapa ngerti bar salat banjur kelingan welinge Mbah Kakung,”
Aku manut. Mlaku mlebu jedhing cilik, aku weruh klething gedhi sing biasane isi banyu bening. Aku nangis meneh, kelingan Mbah Kakung. Jan jane aku ki gembeng apa ora ta mbiyen, iki kok gur nongas-nangis wae.
            Ngarepe maghrib aku wis nggelar klasa silihan saka bale desa. Dumadakan aku karo Mbak Asri krungu suwara grobyakan neng dhapur. Aku karo Mbak Asri mlayu marani suwara. Nanging Mbak Asri wedi. Aku wus siap-siap masang kudha-kudha sapa ngerti ana begal nekad mlebu omah gedhek iki.
“ Mas Tatang..?!?!,” aku mbengok. Mbak Asri metu saka papan ndelik, lawang jedhing.
“ Ssssshhhhttt..!! Aja seru-seru,” Mas Tatang ketok kesel. Nggawa tas ransel gedhe ketok abot. Kudha-kudhaku dak simpen meneh, untung wae durung sida tak dugang, hhmmm. Mbak Asri ngematke Mas Tatang sing lungguh ndeprok. Aku njupuk gelas karo banyu kendi. Mas Tatang ngombe kaya wis setaun ora ketemu banyu. Tanduk. Glek. Glek.
Aku, Mbak Asri, Mas Tatang meneng sak wetara. Tas ransel gedhi kuwi kumel, taline wis gigis arep pedhot.
“ Aku arep turu, aja kandha karo sapa-sapa yen aku mulih,” Mas Tatang mlaku mlebu kamare Mbah Kakung. Aku karo Mbak Asri mung ngematke. Jane karepe piye ta, blas ora takon mbakyu lan adhine kuwi piye kabare, sehat apa ora, terus Mbah Kakung seda kok ora ngabari, gerah apa.. blaasss. Lagi kuwi aku weruh Mas Tatang ning rasane pingin mbalang nganggo theklek. Mbak Asri katon prihatin.

            Isuk-isuk sak durunge aku mangkat nyambut gawe, sarapan mendut sisane tahlilan mau bengi. Teh pait gula batu, marai anget neng ati. Kelingan simbah maneh, isuk-isuk jagongan neng dhapur karo ngedhep cangkir kaleng isine teh kemebul. Aku mung ngunjal ambegan, karo ngeling-eling welinge Mbah Kakung. Aku ngematke becak tuwa sing wis pirang-pirang dina manggrok neng pojok lawang mburi. Becak! horok, aku kelingan!
“ Mbak Asri, Mbah Kakung weling yen becak kae aja nganti didol. Mbah Kakung pengen awak dhewe ngrumat becak gedhi kae..,”
Aku karo Mbak Asri ngematke becak sing wis luwuk. Dirumat. Kudu dicet, teyenge ilang. Ban becak sing wus alus diganti, terpal ndhuwur disalini. Mesti elok tenan, apik. Aku mesem.
“ Ana sega ora, aku luwe tenan iki,” suarane Mas Tatang sing lagi wae tangi.
“ Aku durung ngliwet, nek luwe tukua sega liwet nggon Mbah Marto wae,” Mbak Asri semaur karo nggayemi mendut. Mas Tatang melu lingguh.
“ Nek aku metu, kabeh padha ngerti yen aku wis mulih. Nik, tulung tukokna ya,”
“ Aku arep mangkat nyambut gawe,” aku nyaut karo rada anyel, menyat saka kursi. Rasa anget lan ayem iki mau banjur pupus gara-gara Mas Tatang.
“ Jan jane ki ana apa ta, Tang? Kok sajak ora seneng yen padha ngerti kowe mulih. Apa maneh wis mataun-taun anggone kowe ora ngambah omah iki. Jane ana apa?,” Mbak Asri takon karo njupukke teh kanggo adhine lanang.  
“ Mbah Kakung sedane kapan?,” Mas Tatang takon, kaya-kaya nutupi bab sing wigati.
“ Wis telung dina kepungkur. Wis gek ndang adus, banjur nyekar kana,” Mbak Asri ngongkon Mas Tatang sing ketok aras-arasen.
“ Becake Mbah Kakung yen didol oleh rega pira, ya?,” pitakone Mas Tatang marai kupingku panas.
“ Becak kuwi ora bakal didol. Mulane aku nyambut gawe ben isa nuruti welinge Mbah Kakung, Becak kuwi aja didol! Mbangane arep mbok dol, mbok iyo Mas Tatang narik becak wae, jok-e sing wis tipis kuwi dak dandake,” atiku mrongkol.
“ Aku? Narik becak? Hambok wegah! Kesel, pekolehe ora sepira,” Mas Tatang nyumet udud.
“ Uwis, uwis.. pokokke ora ana barang omah kene sing arep didol, wong ya aku arep neng kene terus..,” Mbak Asri daden geni.
“ Lho, Mas Muji gelem pindah rene ta?,” aku weruh Mbak Asri rada mbrambang. Ana apa iki?
“ Nek ora gelem ben aku dhewe wae sing neng kene, aku tak golek gawean sing bener,”
Mbak Asri crita yen bojone Mas Muji kuwi wong apus-apus. Dudu tani saka Banyuwangi, pacul wae ra tau nyekel. Mas Muji kuwi germo lanang, senenge golek prawan-prawan banjur didol neng langganane. Mbak Asri crita karo ngenes. Dhuwit saka nglayani om-om kudu disetorke Mas Muji. Aku nesu, atiku kemropok, nanging padha wae. Sing jenenge Muji kae ora ana, mbangane nesu wagu, Mbak Asri dak kekep. Mbak Asri nangis ngguguk. Mas Tatang mung mesem kecut. Pasemone katon biyasa. Ora ketok prihatin yen mbakyune lagi kena coban. Aku mangkat nyambut gawe. Kok ya putune simbah ana sing kena coban kang abot lan ngrusak ajining dhiri, aku ngunjal ambegan.
Neng papan gawean saiki lagi rame bab begal. Macem-macem sing dibegal. Ana begal  brompit uga pit onthel. Wingi salah siji karyawan ing supermarket anggonku nyambut gawe dadi kurban begal pit onthel. Kamangka pite kuwi mung pit mini lawas sing ana kranjange. Kok ya le mentala men mbegal wong pas-pasan.
“ Mbak Ninik, iki mau saka perusahaan kanda yen arep ana edaran saka kepulisian bab foto-foto tukang begal sing lagi rame. Kudu dipasang ing papan kene, dadi sapa ngerti ana sing blanja mrene,” kandane Mbak Ayuk saka manajemen. Aku manthuk.  Rikala aku nampa poster saka manajemen, aku weruh ana wong lanang cacah telu sing fotone dipasang lan ditulisi “Daftar Pencarian Orang”. Ana nomer sing isa dihubungi yen nemu salah sijine wong kuwi. Para begal kuwi mau tegel milara kurbane, ana sing diclurit, ana sing diguwak kalen, ana sing dikepruk kayu. Medeni, hiiiy. Dumadakan, atiku mak tratab! Salah siji foto DPO iku persis banget karo kangmasku, Mas Tatang. Mak plenggong. Aku nyambut gawe dadi ora ayem, kelingan Mbak Asri sing nggawa dhuwit sumbangan para tamu layatan, uga Mas Tatang sing mau bengi dumadakan teka ora ana angin ora ana udan. Nggawa ransel gedhe kaya-kaya bar mlaku adoh.
Tekan omah aku mung isa meneng. Arep crita karo Mbak Asri ora teteg, ora tega. Apa maneh mau isuk Mbak Asri lagi wae blaka bab uripe kang nggrantes. Takon Mas Tatang saya maneh, ora tekan ilatku.
“ Kowe ngapa ta, Nik? Awit mau mulih kok mung meneng wae,” Mbak Asri takon karo nglempiti klambi sing pating klumbruk. Aku mung gedheg.
“ Yen pancen ana masalah, crita wae karo Mbak As. Aja mbok pendhem dhewe, isa stroke mengko,” Mbak Asri mesem marai ayem.
Aku namatke kamar Mbah Kakung sing dituroni Mas Tatang. Sepi. Aku mlebu kamar kuwi. Ransele ana ngisor amben. Dak bukak merga pengen ngerti apa isine, nek dhuwit piye ya? Wah, dhuwit rampokan iku haram! Tibake dudu dhuwit, nanging clurit! Aku girapen. Dak lebokake maneh, aku mungkur saka kamare Mbah kakung. Aja-aja bener, ngapa adoh-adoh nggawa clurit, jal? Suwe ora ketemu, suwe ora mulih, mosok ngoleh-olehi clurit? Nek oleh-oleh mesthi wis diwenehke mau bengi. Aku mekso turu, nanging ora isa. Piye iki?! Apa tenan?
                                                            ***
            Dina iki aku mlebu shift awan, nanging rasane kok pingin mangkat rada gasik.  Pleessss!! Ban montorku gembos. Aku nuntun tekan bengkel tambal ban cedhak ruko-ruko anyar.
“ Mas, nyuwun tulung mang tambal, nggih..,”
“ Nggih, Mbak..,” Mas tambal bane langsung nyekel montor matikku. Aku lungguh neng lincak sing wis ompong. Lumayan, karo ngisis thingak-thinguk nonton dalan lan wong liwat. Durung suwe anggonku lungguh, dumadakan, ana suwara bengok-bengok saka ngarep ruko sing dadi salon lan spa.
“ Begaaalll!!! Tuluuuunngg!! Begaaalll!!,”
“ Enten napa, mbak?,” ana sing takon karo wong wadon kurban begal kuwi mau.
“ Montor kula direbut nikaa, maaass!! Nika montooorrr kulaaa..!!! kalih tas kulaa!!,” mbak-mbak sing ketoke bar metu saka salon kuwi nangis gero-gero. Wong sing pada ngerti gage-gage mlayu ngoyak wong loro sing numpak montor, nututi wong liyane sing ya ngebut numpak motor.
Aku karo mas tambal ban metu saka bengkel melu ngoyak begal sing ndilalah liwat ngarep bengkel. Akeh wong sing ngoyak, begale goncengan numpak montor matik, banter. Aku isih mlayu, ngoyak. Ora krasa wis cedhak anggonku isa nggayuh lengen salah sijine begal sing nyangking tas. Sreettt!!! Dak tarik tas kuwi, wonge sing nyekel tas noleh. Mak tratab!! Mas Tatang!?! Sruutt! Tas kuwi dak culke maneh. Mak plenggong. Rrreeeennnggg!!!! Bablass..
“ Mbaakk!! Piye ta, kok mbok culke?! Haiyo, ketoke nganggo sragam satpam ning ora isa nangkep begal! Awan-awan ngene kok ya nekat!,” suwara-suwara sing pating clemong ora dak gagas. Atiku rasane kaya diantemi gada. Mripatku panas, sirahku mumet sak mumet-mumete. Aku mlaku mungkur. Wong-wong sing nglumpuk isih wae kemruyuk, pating clomet. Aku mlaku mulih karo nangis. Satpam kok nangis neng ndalan? Yo wis ben!
Tekan omah, Mbak Asri ketok pucet. Weruh aku mlebu omah saya kaget nanging ketok lega.
“ Nik, Tatang, kangmasmu! Mau digoleki pulisi, Mbak Asri wedi, Nik!,” Mbak Asri ndredeg.
Aku manthuk. Mbak Asri nangis keweden. Aku lingguh jejer Mbak Asri. Aku kelingan karo begal sing mau dak oyak. Umpama mau ora dak culke, yen kecekel apa ya tenan bakale Mas Tatang digebugi karo massa? Kaya sing neng tivi lan koran kae, ana sing begal kecekel banjur diobong? Aku mung nglentruk neng dhapur karo ngematke becake Mbah kakung. Becak sing mbiyen sok ngeterke aku sekolah, ngeterke aku pramuka. Mbah Kakung sing numbaske buku lan tas ngagem dhuwit sing kasil saka wedangan becak. Netes luhku. Putune simbah, sing siji kapusan wong lanang urip neng lokalisasi, sing siji maneh dadi begal sing fotone ana ing poster DPO. Poster sing wingi dak pasang neng papan informasi supermarket. Ngapunten, Mbah Kakung, Mbah Putri.. kula namung dados Satpam sing gembengan, sing taksih purun ngrumat becak kang dados welingipun. Luhku netes saya deres. Nangis ngguguk.

                                                                                                Gangnam, 4/3/15

You Might Also Like

0 comments

Like us on Facebook