Cerkak - Basa Jawa
December 08, 2018
PIT LEMPIT
Dening
: Yessita Dewi
Mangsa
ketiga taun iki luwih garing tinimbang taun wingi. Tanduran ijo ngarep omah
durung ketok seger kamangka sedina kaping telu anggonku nyirami. Asat nggereng.
Banyu uga wis lekas susut, lemah mlethek, bledug mabur-mabur. Ananging, ben
mangsa ketiga, prakara hobi lan lelipuranku pit-pitan ora tau kliwat. Kaya ta
sesuk kuwi, aku lan kanca-kanca saka komunitas pit lempit ngupakara arep
menyang Nyogja. Kabeh wis dicepakake wiwit rong sasi kepungkur. Prakaran ing Nyogja sesuk kuwi uga jalaran undangan
saka kanca komunitas pit ing kutha gudheg iku. Kabeh sak Indonesia bakalane
arep nglumpuk ing Gedhung Kepatihan. Wah, mesti guyub tenan. Gayeng.
Pit wis tak isik-isik nganti
kempling. Tas sing arep dak gawa wis cemepak kari nyanthelke ing sisih kiwa
tengen. Rasa sing paling nyenengke jan-jane amarga ana Landi. Landi, durung
suwe anggonku tepung amarga ya lagi wae dheweke melu gabung ing komunitasku
iki. Dedege dhuwur, kulite kuning resik, sanajan cah lanang nanging lambene ketok
abang amarga ora udud. Rambute semu soklat, irunge mbangir. Nyambut gawe wis
mapan ngrewangi bisnis lurik simbahe. Pancen ora kaya wong Jawa biasane. Saka critane,
Landi iku isih turunan Inggris saka Mamine. Ya ora maido. Bapakke pengusaha
kayu, asli Bareng, Delanggu. Elaek, ya ana ya landa dhidhong saka Inggris nemu
wong Delanggu? Pantes, Landi uga isa cara Jawa. Cara Inggris mesthine ya wasis.
Bocahe ora mboseni, nyenengke. Kancane akeh. Kanca-kanca ing komunitasku uga rame
regejegan bab Landi. Poyok-poyokan kaya cah cilik. Landi mung mesem, ngguyu,
ngikik. Apa ora samsaya nggantheng ta nek kaya ngana kuwi? Wis jyaann, marai
lali karo mangsa ketiga. Aku mesem dhewe yen kelingan polatane Landi.
Sing marai aku saya gedhe rumangsa,
Landi kuwi nek butuh apa-apa mesthi nggoleki aku. Sedela-sedela sms, saben byar
ngobrol liwat Whatsapps. Pokoke aku karo Landi dadi kekancan raket. Aku dhewe
ya jik legan. Kuliyah kari ngenteni skripsi rampung. Akeh sing kanda yen aku
iki manis kaya Dian Sastrowardoyo, uga akeh cah lanang sing kecele amarga aku
durung gelem hyang-yangan. Hla piye, rasa kuwi pancen ora isa dipeksa padha
karo ukuran klambi. Nek sesak, ora pas neng awak lan ati lak ya ra penak. Aku
dhewe ya mung biyasa karo Landi, ya sok-sok rada mabur neng awang-awang nalika
ngerti dheweke mesem karo ngematke aku. Umpamane Landi nembung saiki wae, aku
ya durung mesthi isa nampa amarga durung genah karepe atiku. Mung nek seneng
mbayangke mlaku-mlaku wong loro karo Landi kuwi pancen kerep banget. Wis ta,
pokoke nek crita bab Landi aku ora kentekan ukara.
Isuk
umun-umun, aku wis siap neng ngarep omah mancal pedhal. Sarapan susu soklat
panas karo roti setangkep cukup kanggo ngganjel weteng. Kanca-kanca wis ngabari
nek sedela engkas tekan banjur gage-gage mangkat Jogja liwat Ndaleman, Baki. Durung
suwe anggonku ngadeg, rombongan komunitas pit lempit wis ketok ngawe-awe. Ora
nganggo suwe aku mlebu irit-iritan nggenjot pit karo rasa bungah. Landi njejeri
karo mesem seger banget. Untune putih resik, rapi kaya dilabur lan dikikir.
Isuk iki pancen seger sanajan sedela meneh krasa sumuk amarga srengenge mlaku
munggah alon-alon. Alon-alon waton kelakon, mawa 65 kilo wis kliwat aku lan
rombongan tekan Jogja. Sedina iki karo sesuk isine mung ngepit rame-rame. Aku
samsaya cedhak karo Landi. Nganti kanca-kanca nyuraki amarga Landi ketok banget
yen nggatekake aku.
“ Mas Landi, aku ya gelem hlo
dipundhutke jus jambu kaya Mbak Maya,” swarane Ririn cemengkling neng lobi
hotel. Landi mung mesem karo lungguh nyanding ing jejerku. Sapa wonge sing ora
ngembang atine nek ngene iki? Apa ya tenan nek atiku pancen milih Landi? Ah,
tibakke aku seneng ngepit oleh jodho sing ya seneng ngepit, cocok tenan.
“ Maya, titip HP sedhela ya, aku
arep neng paturasan,” Landi menyat saka sofa karo nyelehake HP neng tanganku.
Let sedhela HP ne Landi muni. Tlililittt! Tlililiiiittt! Wadhuh, piye iki?
Landi kok ya suwe durung ketok metu seka paturasan hotel sing ana pojokan kae.
Eh, muni maneh. Aku ngematke nomer sing kelap-kelip ing layar hendpon. Ora ana
jenenge. Aku ora wani ngangkat, nanging dumadakan atiku mak sengkring. Kaya ta
pengen ngerti sapa sing nelpun Landi iki mau. Tiitt! Ana sms mlebu. Saka nomer
sing tilpun mau. Akhire Landi lagi ketok metu pas panitia acara methuk
rombongan nuju panggonan ing Kepatihan. Tanpa kandha apa-apa hp kuwi dak lebokake
neng tas ransele Landi. Landi njejeri meneh. Dadi kelingan rasa sengkring iki
mau.
“ May, suwun ya, wis nyekelake HP
karo tasku,”
“ Padha-padha, Mas. Oiya, iki mau
Hpmu muni, ora tak angkat nanging dak lebokake tasmu,”
“ Oh, ya. Suwun ya,” Landi ujar
karo mbukak tas ransel nggoleki Hpne. Aku nglirik setengah ngematke Landi sing
lagi maca sms, terus minggir saka barisan karo ndudul nomer. Raiku rasane
panas. Mangsa ketiga dadi krasa sanajan ing ruangan AC. Wiwit seka awan kuwi nganti
wengi aku ora pethuk Landi. Rasa sengkring lan mangsa ketiga jeroning ati rada
keslamur amarga awor karo kanca-kanca sing akeh banget lan suwe ora ketemu.
*****
Isuk
iki rombongan saka Sala siap-siap mulih. Digenjot meneh. Wancine sarapan ing
hotel aku lagi kepethuk Landi. Raine ketok seger. Pengen rasane takon bab mau
bengi amarga dheweke ora ngetok neng Kepatihan, nanging kuwur atiku. Landi
mlaku lan lungguh ngadhepi aku. Aku mung mesem karo ethok-ethok ngentekke sega
goreng endhog ceplok, nyruput kopi panas.
“ Mengko ngepit tekan Sala,
nanging mandeg neng Delanggu ya. Kabeh wis sarujuk, leren ing daleme simbahku.
Mami karo Papiku awit wingi uga sare neng Delanggu,” Landi ngabari karo mesem.
Mripat birumu dhuh, wong bagus. Bening kaya tlaga pengilon. Isuk iki aku dadi ngerti
kepriye saurane atiku. Mathuk karo peranakan landa dhidhong saka Inggris, mung
Landi sing isa gawe aku seger maneh kaya mangsa rendeng. Aku uga ngerti, wingi
kae mesthi mami utawa papine sing nelpun, malah aja-aja simbahe. Ya, aku ngerti
saiki. Aku ngerti mapane atiku neng endi. Pit lempit wis cemepak jejer-jejer
akeh banget. Aku ngematke pite Landi. Pit sing beda bentuke, pit sing uga saka
Inggris pabrike. Landi kae, bene turunan landa dhidhong nanging atine Jawa. Aku
noleh weruh Landi wis nganggo udeng sing jarene ditumbaske papine neng pasar
Klewer. Wis, bayangke dhewe wae kaya ngapa yen wong bagus, blasteran landa
nganggo iket bathik sogan. Irunge saya ketok bangir.
Panase
srengenge jam 12 pancen ngedap-edabi. Dalan aspal kaya-kaya arep lumer kena
panase awan ini. Unyeng-unyeng ing pucuk sirah rasane saya amba amarga umub. Aku
nglirik jamku sing uga isa wenehi info cuaca, weruh angka 37*celcius utegku
melu lumer. Aku mandeg ing ngisor uwit karo ngombe. Kanca-kanca uga mandeg.
“ iki wis tekan Prambanan kok,
sedhela maneh Klaten banjur Delanggu,” swarane Iko ketua rombongan semu
nggedhekake atine kabeh. Pancen, ora krasa yen dalan adoh, barang abot dadi enteng
yen dilakoni bareng-bareng. Landi mandeg neng mburi dhewe karo nampa telpun.
Atiku mesem adem.
Kira-kira jam loro kurang
seprapat wis tekan Delanggu. Landi dadi sing ngaruhke dalan nuju daleme
simbahe. Ora adoh saka dalan gedhe. Omah limas gedhe, latare amba akeh
wit-witan kayata mlinjo, pelem lan rambutan. Hawane dadi idum. Simbah, papi lan
mamine Landi seneng ana dhayoh rame-rame kaya ngeterke mulih anakke. Gumun lan
gumun thok Papine Landi mireng critane kanca-kanca ngepit saka Sala menyang Jogja, banjur mulih
Sala maneh. Mamine Landi sanajan dudu asli Indonesia, nanging wis lancar cara
Indonesia. Cara Jawa uga lagi sinau saka simbah, ya maklum wae. Cara Jawa iku
pancen kudu telaten disinaoni. Sawetara kene kabeh srawung karo nggayemi
suguhan, aku ora weruh Landi. Mau ora suwe anggone lungguh rame-rame, banjur
mlebu.
“ Ndiii, Landiii.. mrenea, iki
kancane kok dianggurke ki piye? Dijak metu wae,” Papine Landi ngendikan karo
nginguk mlebu. Dijak metu? Sapa? Wadhuh, kok kaya ngene meneh iki piye atiku?
Pating sengkring, trataban ora karuan.
“ Nggih, sakedhap..,” swarane
Landi saka njero ketok adoh banget. Let sedhela krungu swara sikil mlaku
nanging sikile ora mung loro. Sijine dudu swara sandal, sijine swara sepatu
sing kaya kaya nganggo jenggel dhuwur. Mak byaakk!! Korden dibiyak, Landi metu
karo nggandeng wong wadon.
“ kanca-kanca, kenalke iki Rukmi,
calonku. Lagi mau tekan Delanggu saka Ngawi,” Landi ketok sumringah.
Wong wadon iku dedege cilik,
cendhik. Kulite ireng, rambute model bathok, kacamatane kandel. Nanging saka
critane Landi, Rukmi iku lagi wae lulus kuliah S2 saka Universitas Indonesia.
Sasi ngarep mangkat neng Australi mbacutke magang ing kantor kedutaan
Indonesia. Mula mengko sore keluwargane Rukmi saka Ngawi arep nusul ketemu keluwargane
Landi ngrembug tuwa. Jadah sing lagi dak mamah ora kolu mandeg neng gulu. Landi
babar blas ora nglirik aku, eseme kanggo kanca kabeh. Rukmi dhuwure sak
dhadhane Landi, nanging aku weruh Landi ketok padhang lan luwih sumringah saka
biyasane. Eseme luwih semanak. Aku mung bisa nyawang godhong pelem sing gogrog
siji-siji kabur kanginan.
Metu
lan pamit saka omah limasan simbahe Landi diuntapake kanthi nyedulur. Kandane,
suk yen resepsi utawa ningkahane kanca-kanca arep dadi pager bagus lan pager
ayu. Pedhal pit rasane dadi abot. Angin sing maune silir dadi semribit lan
panas. Aku mandeg ing pinggir dalan gedhe. Aku pamit numpak bis. Pit dak lempit
mlebu bis jurusan Surabaya. Aku lungguh karo nyawang dalan seka cendela. Ati
lagi karep netep, nanging wis kudu mlebu wuwu. Mangsa ketiga samsaya krasa
nganti tekan njroning dhadha. Mangsa rendeng sing nangguh wektu sak untara
amarga pangarep saka Landi kang dadi kembang impen, dumadakan melu garing. Ana
rasa ora trima, kenangapa kudu bocah wadon sing jenenge Rukmi kae, wis ora ayu,
ora manis, ireng, cendhik, klambine ora setil. Njuk aku ki kurang apa? Nanging
wis kebacut dadi kecut. Pancen kudu trima. Kaya ta ban pit sing kudu mubeng
nalika mlaku. Kadang pentil ban neng ndhuwur, kadang nemu ngisor. Kadang
gembos, kadang suwek. Kaya pangarepanku dina iki. Suwek kaya ban pit sing kena
paku. Angine metu kabeh, ngowos, ilang, mabur. Landi, bocah blasteran samsaya
bagus nalika nganggo udeng, wis ana sing naleni kenceng.
“ Kerten! Kerten!,” kondektur bis
bengok-bengok saka lawang ngarep. Aku menyat karo ngunjal ambegan. Pit sing
isih lempitan dak bukak. Rasane ampang. Aku nggenjot pedal ing panjer sore,
mulih.
0 comments