Cerkak Basa Jawa
December 08, 2018
J E N A N G
Dening : Yessita Dewi
“ Le, tukakna jenang lemu neng warunge Mbah Jenang
kana, telung ewu wae,”
Aku sing isih mblekuthuk tangi
turu saya aras-arasen keprungu swara Ibu sing cemengkling. Jenang. Mesthi kok
saben isuk kon tuku jenang, gek warunge antrine sak ula ngolet. Jan-jane apa
ta, enakke mangan jenang? Wujude lentreg-lentreg, rasane pating klenyit, ora
marai weteng wareg. Ananging ben kepriyea, aku tetep mangkat. Paling ora isa
nyawang eseme dhik Laras sing marai ati bungah. Yen ketemu lan melu antri, yen
ora ya samsaya sepa rasane kaya jenange kae.
“ Jenang lemu, Mbah. Tigang ewu
mawon, mawi bakwan kaliyan tempe glepung,” aku aba jenang pesenane Ibu. Mbah
Jenang pancen ringkes lan cepet yen mbungkusi dagangane. Dhuwit sepuluh ewu
susuk limang ewu, lumayan isa nggo tuku lemper utawa arem-arem neng dhasarane
Mbak Binti, ngarep kantor kecamatan.
Wayah
isuk uga wiwit munggah panase srengenge.
Dina iki aku kudu ngrampungke layang kanggo golek gaweyan sing kudu dak kirim
neng kantor pos. Ijazah sarjana ekonomi, sertifikat kursus pembukuan pajak lan sarat liyane wis komplit. Oh iya, fotoku
ukuran 4x6 durung dak cepakke. Aku mbukak file foto, milih sing kira-kira ketok
bagus dhewe lan nyenengke, nganggo jas ireng lan dhasi, rambut diminyaki
klimis. Wis kuwi paling nggantheng dhewe fotoku, rumangsaku hlo ya, embuh nek
kowe kabeh. Aku nggawa flashdisc karuane mengko karo nyetak foto iku, sak jalur
lakuku.
“ Arep neng endi, Le?,” Ibu
ndangu karo nata meja makan sing isih akeh tilas gelas mau isuk.
“ Ajeng ngirim surat lamaran
pados damelan,” aku semaur karo dandan, nguthik-uthik jambul rambut ben ketok
setil sithik.
“ Yaaa, muga-muga ketampa ya, Le.
Eh, mengko mbok Ibu dicangkingne bubur ayam neng warung Dim Sum-e Koh Swi,”
“ Jenang malih?! Punapa mboten
jeleh ta, bu.. kok isuk ngantos siyang namung jenang mawon,”
“ Iki arep dak terke neng Budhe
Ratmi, mau isuk lambunge kumat. Dadi ora kanggo aku, wis ta mengko ojo lali,
iki rantange,” ibu nyelehke rantang cilik susun loro neng ndhuwur meja makan.
Jenang meneh. Bubur meneh. Wingi
jenang, mau isuk jenang, iki mengko ya jenang. Bubur karo jenang padha wae
lentreg-lentreg-e. Aku wis males banget tuku jenang. Wong ya nek tuku jenang,
aku ora ngiras, ora melu mbungkus. Hla piye, wong pancen ora seneng. Malah
nyedhaki gething karo panganan sing jenenge jenang kuwi. Kaya wong ra nduwe
untu, lelaranen, pileren. Hhh, panganan kok ora maju, awan-awan tuku jenang apa
luwih ora saru?! Aku saya anyel. Aku muni-muni, ning mung tak bathin. Ora wani
karo Ibu. Ibu nyangoni dhuwit seket ewu. Jare nek aku arep mbungkus dim sum-e
ya kena. Awan iki soale ibu mangsak jangan tumpang. Halaaah, halaaahh! Dina iki
kok apes temen ta selera manganku! Isuk jenang, awan iki ngalamat mangan karo
jangan tumpang. Jangan sing yo marai gething, tempe bosok kok ya diolah,
dipangan. Hiyeek! Aku nyetater motor karo nggondhuk.
Treng..teng..teng..teng...theeerrrrr...!!! montor RX King sing wis protholan
iki sing mung marai rada ayem. Gagah, rumangsaku. Protholan, samsaya prothol
samsaya sangar jare. Iki prothol ora merga melu tren, nanging merga ora nduwe
ragad ngganti part sing wus aus. Dadi sak anane. Ning aku seneng. Tinggalane
suwargi bapak.
Rampung urusanku neng kantor pos,
aku numpak RX King sing tung therrr iki nuju warung Dim Sum. Aku mandeg.
Warunge Koh Swi pancen ora tahu sepi, nanging ya ora tau uyuk-uyukan. Antri
penak. Lagi arep mudhun saka motor aku keprungu uwong ngguyu rame-rame. Aku
noleh. Ana Mas Bagor, preman tuwa sak kecamatan, karo Agus lan gerombolane sing
saiki rumangsa arep oleh mandat seka Mas Bagor, nek ora suwe maneh bakal dadi
gantine suk nek wis pensiun seka preman kecamatan.
“ Le! Wong numpak King, macak
preman, kok nyangking rantang! Hahahahaha..,” Mas Bagor mbengoki aku. Aku mung
mringis. Aku ngerti, nek disauri mesti luwih nganyelke.
“ Wis ngono, tukune bubur nek ora
yo jenaaannggg!! Hahahahaa,” Agus melu mbengok. Guyune saya gayeng, samsaya
pating clemong saurane. Aku meneng wae dienyek, diece karo uwong kuwi. Soale ya
pancen nganyelke kok, mbiyen wis tahu aku mbales tak tempiling. Bar kuwi genten
malah aku sing glangsaran mergo dikroyok Agus karo kanca-kancane. Luwih nylekit
maneh, ora ana sing nulungi, ngewangi, mung padha melu nonton karo nyoraki. Hla
ta, apa ora apes tenan nek nekad mbales?
Rantang susun loro wis komplit
isine bubur lan sak lawuhe. Aku metu seka warunge Koh Swi. Mas Bagor karo Agus
ngakak-ngakak meneh, ngece aku.
“ Le, njuk kapan kowe oleh yhang,
tumpakanmu mung montor ethek kewer ngene iki,” jare Mas Bagor karo ngelus-elus
motorku.
“ Halah, apa payu oleh bojo?!
Nganggur, wis ngono mben isuk isane mung antri neng Mbah Jenang, nek awan
nyangking rantang! Ora gagah, tontonen aku iki! Wis bagus, tattone akeh, isuk
wis oleh setoran, nek jajan sega opor iwak pitik,” Agus umuk. Tatto gambar emping
njuk digawe bentuk ora mudhengke wae dibanggake, bathinku. Waniku ya mung
mbathin. Mungkin merga aku mung meneng wae, Mas Bagor, Agus lan kanca-kancane
malah gemes campur anyel. RX King-ku sing dak parkir neng ngarep warung
ditendhang Agus. Bruk! Nhaa, nek iki aku nesu!
“ Heeh!! Kowe arep ngece aku
karepmu, sak omonganmu, ning nek nganti nendhang motor tinggalane suwargi
bapakku, awas kowe!!,” aku mbengok. Aku kaget kok isa mbengok seru banget.
Kabeh uwong sing ora adoh seka warung dim sum padha noleh. Mak kapyuuukkk!!
Praanngg!! Rantang susun loro kuwi dak balangke Agus ro Mas Bagor sing ngadeg
sesisihan. Jane ya eman-eman karo hakau urange, ning piye meneh, aku lagi nesu
jeee! Mak jegagik, Mas Bagor karo Agus wis ngadeg cedhak neng ngarepku karo
mentheleng. Wah, gawat. Aku gage-gage mlayu mancal motor, dak stater.. Treng..teng..teng..teng...theeerrrrr...!!! Aku ngegas sak pole. Neng mburi Mas Bagor karo
Agus wis ngoyak boncengan nganggo motor matic sing isih kempling.
Rrreeeeennngggg!! Dalan kampung dadi rame. Kemebul knalpote, mbrebegi kuping
suarane. Samsaya ngebut anggonku ngegas.
Aku noleh neng mburi, rombongan
preman kecamatan sing ngoyak isih ketok semangat. Sing mbonceng tangane srawean
nyambi nyaut pemean. Karang wong preman kelas cethul, ya ngono kuwi.
BRRUUAAKKK!!!! Peteng kabeh,
rasane entheng, mak prepet. Aku mung krungu bengok-bengok golek ambulan.
Lamat-lamat.
*****
“
Alhamdulillaahh, leee...cah baguuusss! Wis tangi ya le? Wis kelingan durung?,”
swara sing keprungu kuwi aku apal, swarane Ibu. Nanging kok rada
mingsek-mingsek. Aku melek sak melek-meleke. Ndhuwur putih, kiwa tengen padhang
jingglang, korden rena ijo. Ambune beda, kaya nek biyasane mbiyen aku ngancani
Mbah Putri sing opname neng Moewardi. Opname? Dadi aku kuwi..?
“ Ibu...,” suwaraku ra isa seru.
Rasane lemes. Ning ana sing aneh, lambeku kok kaya kemu-kemu njedhir. Nganggo
ilat aku nyuba ngrasakake jero lambe. Hloh?! Endi untuku? Kok mung gusi? Gusi
wae perih ora umum. Aku meringis kelara-lara. Samsaya lara rasane mbasan ngerti
nek aku lagi wae tangi seka semaput. Aku kelingan mau awan oyak-oyakan karo
preman kecamatan gara-gara tak uncali jenang. Motorku nabrak grobag mie ayam
lengganan sing regane telung ewunan kae. Motorku remuk, grobage yo ajur. Apa
maneh aku, rai remuk, semaput lan lagi wae kelingan. Bagor lan Agus mlayu embuh
neng endi, kurang ajar!
Jenang. Saiki saben isuk sing
antri neng Mbah Jenang, Ibu. Saiki saben dina manganku jenang. Gelem ora gelem
ya kudu doyan, hla wong gusiku isih cedera, abuh, untune rontok telu. Gething
karo rasa anyelku karo jenang kudu dak kipatke. Ibu pirsa rasa isinku amarga
kudu ngulu jenang. Nanging ana tambane kabeh lara isin lan lambe jedhir iki.
Dhik Laras sregep niliki karo nggawakke bubur ayam seka warung dim sume Koh Swi.
Rantang susun loro wis ora bunder seser maneh, nanging peyang. Wis ben rantange
peyang, nanging atiku bunder seser kanggo Dhik Laras.
Gangnam, 14/3/2014
0 comments